About us
Diberdayakan oleh Blogger.
Translate
Labels
Mengenai Saya
Arsip Blog
Label Cloud
Contact Us
Archive for Maret 2015
Drama Jaka Tarub
Jaka Tarub
BABAK 1
Para Nawang lagi guneman
ing kahyangan. Dheweke mudun saka kahyangan arep adus ing bumi.
Nawang Sekar :“Ayo
para dulur, dolan menyang bumi.”
Nawang Lintang :“Wah...ayo. Nanging iki arep dolan ing ngendi?”
Nawang Sari :“Aku
duwe ide, ayo adus ing sumber”
Nawang Wulan, Lintang, Sekar :“(nggawe jakete) Ayo....”
Para Nawang teka ing sumber lan nyelehne jakete ing dhuwur watu gedhe.
Nawang Sekar :“Wah...seger tenan banyune.”
Nawang Sari :“Iya,
bening banget”
Nalika para Nawang padha dolanan banyu
lan guyonan, Jaka Tarub liwat lan ngintip para Nawang.
Jaka Tarub :“(intip-intip)
Wah...sapa kuwi? Ayu tenan rupane. Opo
maneh sing kae (ndelok Nawang Wulan) waduh ayu ra karu-karuan”
Jaka Tarub duwe akal arep njupuk salah
sawijining jakete para Nawang. Supaya bisa kenalan marang salah sijine.
Jaka Tarub :“Wah...jaket endi ya sing arep dakjupuk? Iki wae
wes (banjur ngalih).”
Rada suwe, para Nawang mentas saka sumber. Para Nawang njupuk jakete dewe-dewe.
Nawang Sari : “Ayo
padha mentas, langit wis arep peteng”
Nawang Sekar : “Ayo
bali, sesuk ae menyang kene maneh”
Nawang Wulan : “(bingung tolah-toleh)
Lho... ing ngendi jaketku?”
Nawang Lintang :“Iku mau kok selehne neng ngendi?”
Nawang
Wulan :“(nuding watu gedhe) Ing watu gedhe kuwi, bareng mbakyu kabeh”
Nawang
Sari :“Apa ana manungsa liwat lan njupuk jaketmu Nawang Wulan?”
Nawang
Lintang :“(tolah-toleh) Aku ora
ndeleng ana manungsa liwat ki.”
Nawang Sekar :“Piye
iki, langit wis arep peteng.”
Nawang Sari :“Iyo, yen ora ndang bali kahyangan bakal ditutup”
Nawang
Lintang :“Yen ngono, kowe ing kene
wae, golek ana jaketmu dhisik. Yen wis ketemu awake dewe bakal nyusul kowe.”
Nawang Wulan :“Inggih, Mbakyu.”
Nawang Sari :“Ya wes
ati-ati, Nawang Wulan.”
Para Nawang mulih menyang
kahyangan. Jaka Tarub teka lan nyedeki Nawang Wulan.
Nawang
Wulan :“(susah karo muteri watu gedhe mau) Ana ngendi jaketku mau ya?”
Jaka Tarub :“Geneya kowe kok sedhih banget?”
Nawang Wulan :“Aku kelangan jaket, apa kowe ngerti?”
Jaka Tarub :“Aku ora
ngerti. Jenengku Jaka
tarub, omahku ana ing Desa Kulon. Sapa jenengmu? (ngajak salaman)”
Nawang
Wulan :“(nyalami Jaka Tarub) Aku
Wulan, aku kesasar ana ing kene lan arep nggoleki jaketku”
Jaka Tarub :“Yen
kowe gelem, kowe oleh nginep ing omahku. Sesuk esuk ae dakrewangi nggoleki jaketmu kuwi”
Nawang
Wulan :“Wah...matur suwun yo Jaka Tarub (mlaku bebarengan karo Jaka Tarub neng omahe
Jaka Tarub)”
BABAK 2
Wes seminggu Nawang Wulan ana
ing omahe Jaka Tarub, lan dheweke isih ora nemokake jakete iku. Sanalika, Jaka Tarub kesemsem marang Nawang Wulan. Dheweke
nglamar lan rabi karo Nawang Wulan.
Jaka Tarub :“Dinda,
Akang budal menyang alas sek ya!
(nyalami Nawang Wulan)”
Nawang
Wulan :“(nyalami balik) Iya,
Kang. Ati-ati lho kang, mengko
Dinda cepakake lawuh sing pualing
enak.”
Ing pawon Nawang Wulan arep adang sega
gawe Jaka Tarub. Ora sengaja Nawang Wulan nemokake jakete ing njero wadah beras.
Dheweke kaget lan nangis.
Nawang Wulan :“(nangis) Apa iki ana
hubungane karo Kang Jaka?”
Wayah surup Jaka Tarub
mulih saka alas lan ndeleng Nawang Wulan lagi nangis.
Jaka Tarub :“Ana apa, Dinda?”
Nawang
Wulan :“(nduduhake jakete
lan isih nangis) Apa iki ana hubungane
karo Kakang?”
Jaka Tarub :“(kaget) Dinda, Akang njaluk sepuro.
Kakang ora ana niat elek. Iku kabeh amarga Kakang tresna karo Dinda!”
Nawang
Wulan :“Sepurane, Kang. Dinda bakal bali menyang kahyangan. Dinda ora
bisa ing kene terus (ninggalake Jaka Tarub.)”
BABAK 3
Para Nawang ing kahyangan
duwe pratanda yen jakete Nawang Wulan wis ketemu. Dheweke mudun ing bumi nyusul Nawang
Wulan.
Nawang
Lintang :“Dulurku, batinku iki ngomong yen Nawang Wulan
butuh pitulungan”
Nawang
Sari :“Ayo dulur, mudun menyang bumi nyusul Nawang Wulan (karo nggawe jakete)”
Nawang
Sekar :“Ayo, aku khawatir marang Nawang Wulan (budal bebarengan).”
BABAK 4
Ing sumber, Nawang Wulan lan sadulure bali menyang kahyangan.
Nawang Sari :“Nawang
Wulan, ayo kowe bali.”
Nawang
Lintang :“Kowe aja percaya marang manungsa kuwi (nudingi Jaka Tarub)”
Nawang Sekar :“Ayo
dulurku”
Nawang Wulan :“Inggih mbakyu”
Jaka Tarub
:“(nangis) Dinda, kowe aja ninggalke
aku.”
TAMAT
Tag :
Bahasa Jawa,
